Ditelisik saka literatur lan laku budaya Jawa pancen ora ditemokake
donga lan tatacara panembah kang wujud laku ritual. Kang ana: mantra,
sesaji, laku sesirih lan laku semedi (meditasi). Gandheng ora padha
mudheng larah-larahe, banjur ana panganggep menawa mantra iku pada karo
donga, sesaji, laku sesirih lan laku semedi padha karo ritual panembah.
Mantra ora padha karo donga. Menawa donga iku panyuwun marang Gusti,
dene mantra iku ngempakake daya uripe manungsa peparinge Gusti. Atur
sesaji, laku sesirih lan laku semedi mujudake tatacara ndayakake
dayaning urip murih bisa nindakake urip kang bener, becik lan pener.
Yaiku nindakake urip melu memayu hayuning bawana.
Daya uripe manungsa mahanani anane ‘aurora magis’ kang nglingkupi
anggane manungsa. Wateke aurora magis iku dhewe-dhewe amarga beda-bedane
kahanan unsur-unsur kang mangun jasade manungsa. Unsur-unsur iku asale
saka bumi, langit, cahya lan teja kang tansah owah gingsir kahanane ing
saben wektune. Mula banjur ana ngelmu Jawa kanggo nengeri beda-bedane
‘aurora magis’ nganggo dhasar wetonan lan wuku.
Aurora magis uripe manungsa karo aurora alam semesta iku ana sesambungane lan daya-dinayan sacara kosmis-magis. Dinamika daya-dinayan ana kang jumbuh (nyambung, bersinergi), nanging uga ana kang tolak-menolak. Laku sesirih lan semedi mujudake pangrekadaya njumbuhake aurora magis uripe manungsa karo aurora alam semesta. nJumbuhake jagad cilik (manungsa) karo jagad gedhe (alam semesta). Dene sesaji minangka pangrekadaya njumbuhake aurora magise manungsa karo titah dumadi kang padha-padha manggon ing jagad, khususe titah gaib.

Manungsa kang wus bisa nggayuh jumbuhing jagad ciliklan jagad gedhe
disebut wus bisa nggayuh ‘wahyu dyatmika’. Yaiku manungsa kang
kaparingan Gusti nduweni ‘daya linuwih’ tumrap cipta rasa karsane kang
sinebut ‘prana’. Pandayaning prana sinebut mantra. Jinising mantra
werna-werna, kabeh mesthi ana syarat lakune. Bisa kanggo kabecikan
nanging ora sethithik uga kang bisa kanggo laku ala lan nistha. Mulane
ing piwulang Jawa banget ditekanake bab ‘eling’. Yaiku eling marang
‘aras kesadaran’: ber-Tuhan, kesemestaan, keberadaban, kerukunan lan
keselarasan.
Operasionale ‘eling’ mahanani manungsa bisa ndayakake pranane wujud
mantra kang tumuju marang kabecikan urip bebarengan kang ‘tata tentrem
kerta raharja’. Luwih utama lan dhuwur maneh, menawa mantra katujokake
kanggo ‘nyengkuyung panunggalan semesta’. Nyengkuyung
panunggalan semesta bisa diarani panembahe manungsa marang Gusti miturut piwulang Jawa. Kang mangkene iki dingendikakake dening pujangga R.Ng. Ranggawarsita ana ing Kitab Pustaka Raja Purwa: “Dene patrapipun angabekti ing Dewa (manembah dhumateng Kang Murbeng Dumadi) punika kalih prakawis, punika boten kenging pisah, karanten ing saestunipun boten wenang amumuja yen dereng anglampahi tapabrata.”

Panembah pribadi (perorangan) wujud operasionale budi luhur ing
tengahing bebrayan. Sinebut ing unen-unen: “Hangawula kawulaning Gusti”.
Yaiku pekerti urip kang
tansah eling marang jejibahan ‘nyengkuyung panunggalan semesta’. Panembah bebarengan ing tata lair nindakake ‘laku budaya’ ngaturake kaendahan (Laku Kalangwan), kayata: upacara ruwat bumi (grebeg, suran, sadranan, apitan lsp.), upacara kidungan, ritual gamelan, bedhaya ketawang, lan sapanunggalane.
Intine panembah bebarengan ing tata kebatinan, nyawijekake daya urip (prana urip) kanggo mujudake ‘mahamantra’ kang bisa ndayani keselarasan sesambungan (harmonisasi hubungan) spirituale umat manungsa karo spirituale alam semesta saisine. Tujuwane golek slamet ing sakabehane.

Emane, saka anane owah-owahan jaman, laku budaya kang sejatine luhur
banget iku wis akeh wong Jawa kang ninggalake. Tradisi grebeg, suran,
sadranan, apitan wis owah saka tujuwan nyawijekake ‘prana urip’ lan mung
dadi tradisi adat kang ‘kering tanpa makna’. Upacara kidungan lan
ritual gamelan saya adoh saka nuansa sakral kang suci. Bedhaya ketawang
dianggep
amung Kraton kang wenang nganakake. Kawula alit ora diwenangake, mengko mundhak kuwalat.
amung Kraton kang wenang nganakake. Kawula alit ora diwenangake, mengko mundhak kuwalat.
0 komentar:
Posting Komentar