Wejangan Wolung Pangkat (Martabat) medarake “konsep spiritual” Jawa
menawa ‘sejatining uripe’ manungsa “tunggal kahanan” karo sesembahane
kang disebut Pangeran utawa Gusti. Yaiku: dzat mutlak suwung, abadi,
tanpa arah tanpa papan, tanpa kantha (wujud) tanpa warna, sepi ing
ganda-rasa-swara, asipat elok, ora lanang ora wadon ora wandu, rumasuk
ing alam semesta saisine.
Wejangan Wolung Pangkat ana ing serat-serat kapujanggan disebutake
minangka kawruh Warisane para Wali. Wondene sumbere saka wejangane
Kanjeng Nabi Muhammad marang Sayidina Ali. Pamejange kanthi cara
diwisikake ing talingan kiwa. Bener lan orane krenahe para pujangga
anggone nyantholake Wejangan Wolung Pangkat marang para Wali butuh
ditelisik sing jero. Apa ya ana wejangan kaya ing wirid kasebut ana ing
ajaran Islam. Utamane bab ketasawufan. Kanggo iku, becike para kadang
kersa maos ‘Islam Kejawen’ tulisane Prof. Simuh kang ngudhari “Serat
Wirid Hidayat Jati’ anggitane R.Ng. Ranggawarsita.
Wejangan Wolung Pangkat diaturake ing bawarasa ‘Ngelmu Urip’
kepentingane kanggo mangerteni ‘pokok baku’ konsep spiritualisme Jawa.
Keadiluhungan piwulang kebatinan Jawa kanyatane akeh kang sumbere saka
literatur serat-serat kapujanggan (Kawiwitan jaman Sultan Agung). Menawa
diunggahake ing literatur ing sadurunge (parwa lan kakawin) wis akeh
kang ora
mudheng basane. Mula perlu dikaji bener lan orane menawa basa Jawa kang saiki isih lumaku iki
biyen-biyene saka basa Kawi (Jawa Kuna). Pandugane KSM, basa Jawa Kuna iku basa persatuan (lingua franca), dudu basa ibu kanggone wong Jawa. Mula ora merakyat lan ora dimudhengi dening umume wong Jawa. Menawa panduga iki bener, bisa didudut pangerten menawa sejatine Jawa iku sepanjang sejarahe dikooptasi (terjajah secara spiritual) dening budaya lan peradaban asing. Wiwit thukul kejatidhiriane maneh nalika Sultan Agung jumeneng nata ing Mataram. Wiwit jaman iku para intelektual Jawa (pujangga) nganggit sastra kang ngemot ilmu-ilmu Jawa kanggo ‘melawan’ kooptasi budaya lan peradaban asing. Salah sijine kanggo ‘menjembatani’ kutub religius agama lan kutub rasionalitas sekuler Barat kang digawa penjajah Landa.

Kanyatane ing donya iki pancen ana kutub werna loro iku. Analisane para
winasis Jawa, ngandhakake menawa kutub werna loro (religius agama lan
rasionalitas sekuler) iku tansah regejegan kang gawe ora tentreme
kahanan donya. Analisane digawe crita ‘carakan aksara
Jawa’: hanacaraka (piwulang urip: religius lan rasionalitas), datasawala (regejegan rebut bener),
padhajayanya (padha dene duwe argumen dasar kang kuwat), magabathanga (tumuju konflik kang bisa gawe pepati).

Hebate, para winasis Jawa banjur nemokake solusi kanggo ‘meredam
konflik’ kasebut tumrape bebrayan Jawa kanthi mulangake ‘hakekating
urip’. Piwulange uga dimomotake ana ing nilai-nilai filosofis aksara
Jawa. Ing antarane nerangake menawa sakabehing aksara Jawa
iku dipapanake ana ing angganing manungsa urip:
Ha : Endraprawata, dununge ing grana utawa irung.
Na : Purwana, dununge ing netra (mripat).
Ca : Sandipranata, dununge ing lesan (tutuk).
Ra : Pujanggatarulata, dununge ing rema (rambut).
Ka : Endradipa, dununge ing karna (kuping).
Da : Pujanggataruresmi, dununge ing jangga (gulu).
Ta : Tunjungresmi, dununge ing asta (tangan).
Sa : Sekarsinom, dununge ing dhadha.
Wa : Purwakanthi, dununge weteng.
La : Purwaresmi, dununge ing lempeng antarane lambung lan ula-ula.
Pa : Pratignya, dununge ing puser.
Dha : Patista, dununge ing kempung, weteng perangan ngisor wudel.
Ja : Baskara, dununge ing blegere manungsa disawang saka kadohan.
Ya : Purwangka, dununge ing perji (wewadi).
Nya : Pujanggamurdha, dununge ing pupu Mông : Pustakajamus, dununge plawangan ngisor
(silit).
Ga : Krendha, dununge ing gantangan (pupu kekarone).
Ba : Prawignyaadi, dununge ing bokong.
Tha : Gendhingbarang, dununge ing thiklek (cecingklok, dhengkul mburi).
Nga : Bonangrante, dununge ing dalamakan (tlapak sikil).
A : Sunggingpurbakara, dununge ing titis, yaiku: wujud sawutuhe manungsa.

0 komentar:
Posting Komentar