Spiritualisme Jawa kang intine kesadaran religius, kesadaran kesemestaan
lan kesadaran keberadaban bisa kanggo pancadan dhudhah-dhudhah
sakabehing Kawruh Kejawen. Uga kena kanggo milah-milahake endi kang
‘becik-bener-pener’ lan endi kang mung ‘ngelmu karang’. Nanging, ora
saben wong Jawa bisa kadunungan kabisan ing jagad spiritualisme.
Saperangan gedhe malah awam lugu lan butuh dituntun. Mula ing tengahing
bebrayan Jawa akeh tinemu anane sesepuh kang dipercaya dadi panuntun.
Sesepuh kang dadi panuntun biyen-biyene uga mujudake tetungguling
bebrayan (tetua adat). Sebutane werna-werna, upamane: Ki Ajar, Ki Buyut,
Ki Gedhe, Ki Ageng, lan liya-liyane. Lumrahe uga dadi panguwasa ing
tanah perdikan kang bebas mardika ora direh pemerintahan kerajaan.
Nanging anane owah-owahan jaman, tanah-tanah perdikan dikuwasani para
raja.
Tetungguling bebrayan (tetua adat) didadekake ‘hirarki jabatan tata pemerintahan’. Ki Ajar, Ki Buyut, Ki Ageng lan Ki Gedhe diganti Bupati (Tumenggung), Wedana, Demang, lan sapiturute.
Tata pemerintahan migunakake kukum (sistem) kang diadopsi saka budaya lan peradaban manca. (Asia Daratan lan Eropa). Peranane para tetua adat Jawa kesisih, wusanane mung kari para ‘sesepuh pinggiran’ kang dianggep duwe kaluwihan. Marang sesepuh pinggiran mangkene iki wong Jawa awam padha golek ‘tuntunan’ spiritualisme.

Cilakane, para sesepuh pinggiran uga diarani dukun. Mula banjur ana
anggepan negatif menawa wong Jawa seneng merdukun. Banjur tuwuh anggepan
spiritualisme (kebatinan) Jawa dipadhakake karo ‘ngelmu perdukunan’.
Wusanane nglairake panganggep menawa spiritualisme
Jawa iku ‘aliran sesat’ kang ‘bersekutu karo setan’ lan sapiturute.
Jawa iku ‘aliran sesat’ kang ‘bersekutu karo setan’ lan sapiturute.
Penyebaran agama saka manca lan lumebune modernisasi ala Barat kang
ujung tombake ilmu pengetahuan lan teknologi ing tanah Jawa intensif
banget tumekane wektu iki. Nilai-nilai Jawa kejepit ing antarane
religiusitas agama lan rasionalitas moderen Barat. Kamangka wiwit saka
sumber asale, antarane religiusitas lan rasionalitas ‘terperangkap
perseteruan’ kang ora ana enteke. Akibate, kejepite Jawa uga
terus-terusan. Para pujangga Jawa kang waskitha banjur ngrekadaya bisane
uwal saka ‘situasi kejepit’ kasebut. Ing kene banjur lair ‘Kawruh
Kejawen’ kang intine nerangake ‘Sejatining Urip’ (Hakekating urip,
Ngelmu Urip).
Iya wiwit jaman kapujanggan sejatine Kejawen kang adiluhung wiwit ditata
diskripsine. Para pujangga nganggit tulisan-tulisan diskripsi babagan:
kebatinan (spiritualisme), balsafah (filosofi lan etika), laku budaya
(pertanian, ekonomi, sosial, ritus-ritus, lsp.), primbon, pranata
mangsa, seni budaya (wayang, karawitan, tari, batik, keris, arsitektur,
lsp.), basa lan sastra, sarta ngelmu-ngelmu liyane kang dibutuhake
kanggo uripe manungsa Jawa. Diarani adiluhung jalaran
sakabehing kawruh Jawa kasebut dimomoti konsep: religius, sadar semesta lan kesadaran berbudi luhur (beradab).
sakabehing kawruh Jawa kasebut dimomoti konsep: religius, sadar semesta lan kesadaran berbudi luhur (beradab).
Emane, perkembangan situasine akeh-akehe wong Jawa dhewe nganggep
Kejawen iku rumit lan angel dimudhengi. Banjur padha golek gampange
(pragmatisme) milih mengadopsi budaya lan peradaban manca kang luwih
populer lan gampang. Sethithik mbaka sethithik Kejawen dilalekake kang
wusanane ilang kesilep dening dominasine nilai-nilai religius agama lan
rasionalitas Barat.
Kodrat pepesthene Gusti Kang Maha Agung kanyatane ora gampang ilang
musna. Semono uga kinodrat Jawa uga ora gampang ilange senajan kesilep
dening dominasi tata nilai liya. Arepa ing tata lair wong Jawa malih ora
Jawa maneh, kanyatane otot bayune tetep Jawa. Senajan ngelmu urip cara
Jawa wektu iki dilalekake, nanging isih tetep ana ing sajroning batine
saben wong Jawa.
Kanthi mangkono isih bisa diuri-uri lan sawijining wektu ing mbesuke bakal dadi ideologine wong Jawa maneh. Apamaneh ing mengko sawise akeh sing mangerti menawa ngelmu urip Jawa iku piwulang luhur babagan ‘sejatining urip’ tumraping manungsa. Lan cetha banget arase kanggo urip bebarengan.

0 komentar:
Posting Komentar