Ajaran Jawa akeh sing nganggep aliran kebatinan utawa aliran
kepercayaan. Banjur saka kalangan agamawan dianggep ajaran kang durung
mateng kang perlu dimatengake murih slamet ing ngalam akherat mbesuke.
Alasan utamane, ajaran Jawa ora duwe kitab suci kayadene ajaran agama.
Wusanane akeh panganggep menawa ajaran Jawa amung dianggep gaweyane
manungsa kang ora bisa dianggo pandoming urip. KSM uga duwe penganggep
mangkono dhek isih enom nganti umur seket. Lha wis, saben ketemu sesepuh
Jawa ora nate entuk keterangan kang maremake bab ‘kitab suci’ lan
‘utusan’. Kamangka para sepuh sing tak temoni padha ngendika menawa sing
digilut iku ‘Agama Budi’. Dene keterangan bab kepriye sing dikersakake
‘Agama Budi’ iku, wangsulane mbulet angel tak tampa. Gandheng senengane
ngayam wana nemoni para sepuh lan ngulama, KSM entuk tepungan Kyai
Bahrul Rondhi ing tlatah Jepara ing taun 1991. Mas Kyai iki dening para
ulama dianggep ‘sesat’ jalaran mulangake kebatinan Islam campur Kejawen.
Ora marga kepilut karo ajarane, nanging kang penting tak critakake neng
kene, amarga Mas Kyai ngendika menawa panjenengane asring ditekani
‘kitab gaib’ ing saben semedi. Mas Kyai aweh bukti anggone nulis
(ngutip) kitab gaib kang ngatoni panjenengane. Asil penulise iku kang
ditontonake marang KSM. Wujude tulisan Arab Pegon kang KSM babar pisan
ora bisa maca. Mas Kyai njur macakake sak kalimat tulisane: “Hananira
sejatining wahananing Hyang”.
Lho kok basa Jawa, mengkono pangudarasane KSM. Lelakon sabanjure, KSM
tuku buku karangane Ir. Sri Mulyono, “Apa dan Siapa Semar ?”. Ing bukune
iku dikutipake ‘Filsafat Nusantara’ kang isine filosofi aksara Jawa
‘ha-na-ca-ra-ka’. Kalimat filosofi aksara (ha) unine: “Hananira
sejatining wahananing Hyang”.
Persis karo kalimat ing kitab gaib Arab Pegon sing nemoni Kyai Rondhi.
KSM bisane mung gumun, amarga ngakoni menawa ora duwe kabisan spiritual
kanggo golek wangsulan kang gumathok. Ya mung ana pengaruh gedhe kang
mlebu ing batin, menawa Carakan Aksara Jawa iku ngemot ajaran teologi
Jawa. Kodhenge, kok ing aksara Arab Pegon ya ana tur gaib pisan, iki
kepriye larah-larahe.
Ya embuh kepriye kersane Gusti Kang Maha Wikan, lelakone KSM isih
berlanjut. Nalikane KDP mulih saka Jepang (taun ?) ngajak KSM gresek
buku neng lowakan mburi Sriwedari Solo. Entuk fotocopian Kitab
Darmagandhul, Gatholoco lan Walisana. KDP sing maca kitab-kitab mau
nganti kepingkel-pingkel gumun karo krenahe pujangga sing ngarang. Lha
wong isine kawruh kang jero lan luhur kok dikemas nganggo crita porno
saru banget senajan wujude sastra tembang. Saya kepingkel-pingkel KDP
nalika maca angele Prabu Brawijaya arep pindhah agama. Saka Agama Budi
menyang Agama Islam. Bab kepingkel-pingkele KDP kareben adhi ragilku iku
sing crita. Nek KSM pancen ora prigel ngguyu lan geguyon, bisane mung
mesem rada nyureng serius.
Nyureng seriuse KSM jalaran maca kitab Darmagandhul pupuh Megatruh kang
ngrembuk ‘Sastra Urip’, sebutane Ki Pujangga kanggo ‘ngelmune Gusti
Allah’. Mangga tak kutipake sethithik :
1. Sastraning Hyang mung sagulma cacahipun, pinencar ngebeki bumi,
dadine saking sabda kun, aranira Sastra Urip, binagi dadi sawiyos.
2. Kang rumiyin Sastra Rancang aranipun, kangge miyat sira kadim, ana
aran tanpa wujud, wujude ginelar sepi, arane cinancang batos.
3. Sastra Swarawangsit kaping kalihipun, ginadhuhke marang peksi, kang
urip ing dharat laut, sikap peksi duwe uni, unine wangsit pasemon.
4. Saunine iku sabdane Hyang Agung, peksi amung darma angling, dhawuh
enget eling pemut, sasmita kang elok gaib, kang ngreti wong ahli kawroh.
5. Sastra Arja Ayuningrat kaping telu, tanpa papan kretas mangsi,
sastrane nglimput jro wujud, sipat wujud duwe nami, namane mawa
pangretos.
6. Sastra Endraprawata kaping patipun, dadi saking anggit janmi, kalam
lantaraning wujud, cinorek ing dluwang mangsi, kang kena dinulu mring
wong.
7. Mata loro melolo kinarya ndulu, sipat janma doyan kuldi, manut cara
bangsanipun, yen marsudi kawruh budi, sayekti bisa mangretos.
0 komentar:
Posting Komentar