Anane tak wenehi irah-irahan ‘ngelmu urip’ amarga ‘ngelmu Jawa’ iku
pancadane babagan nglakoni urip tumraping manungsa ana ing ngalam donya.
Fokus utamane tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener murih
bisa ‘titis ing pati’. ‘Titis ing pati’ iku ora ngrembuk suwarga lan
neraka. Nanging luwih tumuju bisowa ngulihake sakabehing ‘unsur-unsur’
kang mangun wujuding ‘manungsa urip’ marang sumbere dhewe-dhewe kanthi
sampurna. Sing saka unsur alam (geni, lemah, angin, banyu) bali marang
sumber-sumbere kang ‘azali’. Sing saka cahya lan teja ya bali marang
sumber azaline. Dene suksma (dzat urip, ruh) ya bali marang Suksma
Kawekas (Guruning Ngadadi, Dzat Sejatining Urip). Wondene kang maune
‘wujud’ ninggala jeneng kang becik kang bisa tinulad dening turas (anak
turune).
Amarga piwulange ngenani ‘ngelmu urip’, mulane piwulang Jawa luwih
migatekake babagan urip bebarengan karo sakabehing titah. Kanyatan kang
ora bisa dibantah, menawa manungsa ora bisa urip ijen, nanging kudu
bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing
alam donya (Ngarcapada) kene iki. Holistik, mangkono anggone para ahli
menehi tenger marang wawasan (falsafah) Jawa iki. Karepe, menawa
sakabehing ‘kang ana’ ing alam semesta iki ana sesambungane sacara
‘kosmis-magis’. Kang mangkene iki tumrape wong Jawa sejatine wis mbalung
sungsum dadi otot bayu. Karepe, wis dadi ‘naluri dasar’ kanggone wong
Jawa.
Piwulang Jawa kang wujud ngelmu lan laku tumangkare wiwit saka sumber
asal biyen-biyene nganti tumekane jaman saiki ora sarana anane ‘sistim
pendidikan’. Mung sarana gethok tular ing antarane ‘sesepuh’ marang
generasi bacute. Nanging pilih-pilih marang sing bisa
ditulari kawruh. Mulane saya auwe saya tipis lan terasing saka wong Jawa
dhewe. Malah-malah saking ora ngertine lan kebacut nyecep kawruh saka
kabudayan lan peradaban saka manca banjur nganggep ngelmu lan laku Jawa
iku mung gegayutan karo olah kebatinan. Sing ekstrim banjur ngarani yen
klenik, tahayul lan gugon tuhon.
Kemajuan jaman ing wektu iki ndadekake manungsa mundhak pinter lan mulur
nalare. Mula yen ngadhepi bab-bab sing kurang ‘nalar’ padha ora
tertarik. Kabeh-kabeh dianggep kudu logika penalaran kang klebu akal.
Yen ora, dianggep omong kosong nggedebus adol abab. Apamaneh tuntutan
kanggo ‘survive’ ing jaman saiki butuh ‘segala daya’. Genahe, wektu iki
ana ‘pergerakan’ peradaban tumraping manungsa sak jagad. Owah-owahan
kang dumadi rikat banget lan akeh wong sing ‘bengong’ semlengeren ora
gaduk nalare kanggo ‘memahami’. Sing operasional kari ‘naluri defensif’
supaya tetep ‘survive’. Kabeh butuh urip kang underane (manut
Wedhatama): kecukupan kebutuhan sandhang-pangan-papan (kerta utawa
arta), kajen keringan ing tengahing bebrayan (wirya) lan pinunjul ngelmu
lan kawruhe (winasis). Menawa salah siji bab tetelu mau ora diduweni
banjur banget nisthane kang diupamakake ‘luwih aji godhong jati aking’.
Senajan diskripsi underane kebutuhan urip wis cetha diterangake, nanging
kanyatane ora saben uwong bisa nggayuh kanthi sampurna. Ing tengahing
masyarakat ana sing sugih pol ning ya ana sing mlarat banget. Ana sing
bisa dadi panutaning liyang (nggayuh kawiryan) nanging ana sing dadi
‘memalaning bebrayan’. Ana sing pinter, nanging ya akeh sing bodho lan
bloon banget.
Kabeh prabedaning manungsa sing siji lan liyane kanyatane ana ing
tenghing masyarakat. Mula ana ‘potensi ketegangan’ kang ora ana enteke.
Mbok menawa bae sakabehing ajaran agama lan ideologi kang lair ing donya
iki salah siji tujuwane kanggo ngawekani murih rukune manungsa. Potensi
ketegangan diredam nganggo hukum negara, adat, ajaran agama lan etika
moral liyane. Semono uga ngelmu lan laku Jawa uga duwe tujuwan kanggo
gawe tata tentrem kerta raharjaning bebrayan. Mung bae, cara Jawa iku
lueih tumuju marang rekadaya nata ‘kesadaran’ batine manungsa katimbang
gawe hukum-hukum kang ngatur tumindake saben manungsa ing bebrayane. Ya
kanggo nata ‘kesadaran’ iku anane ngelmu lan laku ana ing piwulang Jawa.
Pitakone, apa ngelmu lan laku Jawa isih relevan kanggo ngadhepi
persoalan urip ing jaman globalisasi wektu iki ?
Nilai-nilai budaya lan peradabane manungsa pancen owah gingsir manut
jaman kelakone. Ngelmu lan laku kang ana ing piwulang Jawa wernane akeh
lan duwe piguna dhewe-dhewe. nanging umume, gunane kanggo kepentingan
urip. Kamangka wateking manungsa urip uga werna-werna. Ana sing
‘becik-bener-pener’ kanggo kepentingane urip bebarengan, nanging ya akeh
sing ‘ala-salah-ngawur’ sing ngrusak bebrayan. Anehe, kok ngelmu lan
laku kanggo kekarone ya ana kabeh ing jagad Jawa. Kabeh pancadane kanggo
sangu nglakoni urip. Kanthi mangkono pancen rada abot angone arep
njlentrehake bab sakabehing ngelmu lan laku Jawa. Mulane, murih kepenake
anggonku ngaturake ‘Ngelmu Urip’ ing postingan iki tak rujukake marang
serat-serat kapujanggan kayadene Wulangreh, Wedhatama, lan liya-liyane.
Muga-muga Gusti Kang Murbeng Dumadi ngeparengake.
0 komentar:
Posting Komentar