Pancadane ‘Ngelmu Urip’ iku ‘eling’, yaiku eling marang ‘sejatining
urip’ utawa ‘hakekating urip’ tumraping manungsa. Manungsa iku titah
pinunjul katimbang titah liyane. Pinunjule amarga kaparingan ‘perangkat
urip’ kang ana ing khasanah Jawa disebut ‘cipta-rasa-karsa’. Tinengeran
ana ing aksara Jawa:
“ha-na-ca-ra-ka” kang tegese ‘utusan’ (hananira hananing Hyang) kang
diparingi cipta (ca), rasa (ra), lan karsa (ka). Ya peparing
‘cipta-rasa-karsa’ iki kang mbedakake titah manungsa karo titah liyane.
Kang lumrah siklus urip kang dilakoni manungsa iku:
‘ana (lair) – dadi momongan wong tuwane – dhiwasa (bisa golek pangan
dhewe) – kawin – duwe anak (momong) – ngentasake momongane – mati’.
Siklus kang mangkene iki ora ming tumrape manungsa, nanging titah-titah
liyane iya duwe siklus mangkene. Tegese, mung nglakoni naluri alamiah.
Ora ngoperasionalake perangkat urip peparinging Gusti Kang Maha Kuwasa
kang njalari manungsa iku disebut ‘titah utama’. Menawa miturut basa
agama Islam manungsa iku dipapanake (diposisikan) dadi ‘Kalifatullah fil
ardhi’, wakile utawa utusane Gusti Allah neng ngalam donya. Nangin
perlu dieling-eling menawa manungsa kang bisa dadi utusan utawa wakile
Gusti Allah iku cetha sing bisa ngoperasionalake ‘cipta-rasa-karsa’-ne
kang jumbuh karo kersane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Dudu sing mung
operasional naluri alamiahe kaya kang tak aturake ing ndhuwur.
Kanggo bisa operasionalake ‘cipta-rasa-karsa’ dibutuhake ‘ngelmu’ lan ‘laku’. Ngelmune kanggo
mangerteni (memahami) babagan sejatining ‘cipta-rasa-karsa’ iku. Dene
lakune kanggo mapanake pangerten ngelmu dadi watak-wantu. Menawa
dirembuk nganggo basa Inggris ‘watak-wantu’ iku nglingkupi :
knowledge, attitude, skill, aptitude, lan habit kang bisa disingkat
KASAH. Ya ing kene iki salah sijine cara kanggo mangerteni unen-unen
“ngelmu iku kelakone kanthi laku”. Tegese: ngelmu iku bisa manjing dadi
watak wantune manungsa manawa dikantheni laku. Gandheng
‘cipta-rasa-karsa’ iku manggone ana ing manungsa urip, mula ngelmune ya
ngelmu urip, lakune ya laku nglakoni urip. Pitakonane, nek ana ‘ngelmu
urip’, mesthine ya ana ‘ngelmu mati’. Pancen ya ana,
yaiku ‘ngelmu-ngelmu’ sing mentingake kanggo persiapan mati. Sakabehing
dayaning urip kanggo persiapan mati. Ana kang ‘tata lair’, upamane
petungan kanggo nyukupi kebutuhane ahli waris njur numpuk bandha kang
perlu diwarisake. Ana kang ‘ranah kebatinan’, umpamane ngelmu ‘mati
sajroning urip’ kang pakertine (cara nglakoni) kanthi nglereni obahing
‘cipta-rasa-karsa’. Yaiku tapa brata neng papan sepi nyingkir saka
bebrayan (masyarakat).
Ngelmu sing kaya mangkono iku ora salah lan ora kleru. Amarga subyektif
banget, kaitane karo ‘persepsi’ saben uwong babagan jejibahan urip kang
beda-beda. Mulane ana ing khasanah Jawa, iya ana ngelmu-ngelmu sing
mentingake ‘persiapan mati’ iku. Nyuwun pangapunten, babagan ‘ngelmu
mati’ iki kareben diterangake sedulur liya sing luwih nguwasani. Jujur
bae, KSM ora pati mudheng. Ngelmu urip iku ora mung ing babagan tata
lair, nanging uga ana gegayutane karo kebatinan. Amarga manut filosofi
Jawa, ana gegayutan (hubungan) ‘kosmis-magis’ ing antarane jagad cilik
(manungsa urip) karo jagad gedhe (alam semesta). Pangertene ndudut saka
‘kawruh sangkan paraning dumadi’. Menawa manungsa urip iku kawangun saka
unsur telung perkara, yaiku: materi (bumi lan langit), cahya lan teja,
sarta suksma sejati (dzat urip, roh). Katelune unsur-unsur iku asale
saka ‘Guruning Ngadadi’ kang uga disebut ‘Suksma Kawekas’, kang ora liy
iya Gusti Kang Murbeng Dumadi sing dadi sesembahane sagunging titah
dumadi. Kanthi andaran kasebut ing nduwur, filosofi Jawa kanyatane
kanthi cetha wela-wela nerangake anane ‘Sesembahan’ kang disebut ‘Gusti
Kang Murbeng Dumadi’, ‘Hyang Agung”, ‘Hyang Suksma Kawekas’, ‘Guruning
Ngadadi’ lan sebutan-sebutan liyane kang akeh banget cacahe.
Panjenengane R. Ng. Ranggawarsita ngumpulake sesebutan tumrap
‘Sesembahan’ Jawa iku ana ing seratane, ‘Paramayoga’.
0 komentar:
Posting Komentar