Pokok baku dhedhasarane ‘ngelmu urip” iku ana 3 (telung) prekara : 1)
kesadaran anane Sesembahan (keber-Tuhan-an, 2) kesadaran kesemestaan
(hubungan kosmis-magis jagad cilik lan jagad gedhe), 3) kesadaran
kautamaning urip (keberadaban). Katelune ora bisa mlaku dhewe-dhewe,
nanging kudu nyawiji dadi sawijining pangerten (kawruh). Lumrahe padha
diarani ‘Kawruh Kejawen’.
Aturku ing ndhuwur iku minangka pambukaning pangerten menawa ‘Kawruh
Kejawen’ iku sawijining kawruh babagan ‘Sejatining Urip’ utawa
‘Hakekating Urip’. Dudu ajaran agama, wong ora duwe ‘kitab suci’ lan
‘nabi’ (utusan) kang piniji Gusti kanggo mulang-muruk manungsa kaya
salumrahe ‘definisi’ agama.
Kawruh Kejawen pancadane saka olah ‘cipta-rasa-karsa’ para empu lan
pujangga Jawa (para jenius Jawa) wiwit jaman prasejarah nganti
tumekaning peradaban lan kabudayan kang nga-Jawa. Ing kene banjur ana
sintesa, asimilasi lan hybrid ing antarane pangerten-pangerten Jawa karo
nilai-nilai budaya lan peradaban (klebu pangerten agama) sing tumeka
ing tanah Jawa. Senajan ana sinergi lan sinkretisme, nanging pokok baku
pancadane Kawruh Kejawen 3 (telung) perkara kasebut ing ndhuwur ora
ilang lan kesilep, amarga mapan manggon ana ing bab ‘sejatining urip’.
Bisa uga, malah aweh jembaring pangerten (melengkapi pemahaman)
ajaran-ajaran agama. Nanging perkara iki becike ora digawe rembuk,
amarga njur mlebu ana ing ‘Ilmu Perbandingan Agama’ kaya kang
diwulangake ing perguruan-perguruan agama. Kang tak aturake mligi
‘konsep-konsep pandangan Jawa’, supaya bisa dimangerteni dening bebrayan
masyarakat kareben ora ‘salah paham’.
Ana ing jagad ngelmune wong Jawa, ana kang disebut Kawruh Kasampurnan.
Yaiku sawijining ngelmu kanggo nggayuh kasampurnaning urip. Kang
dikarepake ‘urip sampurna’ iku nglingkupi tata lair lan kebatinan. Ing
tata lair wis kacetha kaya kang disebut ing Wedhatama: “wirya arta tri
winasis”. Kajen keringan, cukup sandhang pangan papan, lan pinunjul ing
kapinterane. Dene ing babagan ‘kebatinan’ sing dikarepake ‘urip
sempurna’ iku lamun bisa ‘titis ing pati’. Yaiku bisa ngulihake
(mbalekake) kanthi sampurna sakabehing ‘gadhuhan’ marang sing kagungan.
Menawa wujude manungsa urip iku kedadeyan saka unsur-unsur: bumi langit,
cahya lan teja, sarta dzat urip (suksma, roh), sempurnane menawa bisa
ngulihake unsur-unsur mau marang sumbere dhewe-dhewe.
Unsur materi saka bumi lan langit sarta unsur cahya lan teja, bisa bali
sampurna nalikane manungsa mati (pishing raga lan suksma). Nanging
baline dzat urip (roh, suksma) marang Dzat Sejatining Urip, angel bisane
sampurna. Manut keterangan ing kawruh sangkan paran (Wedaran Sang
Wiku), angel sampunane iku jalaran ‘dzat urip’ wis suda kasuciane.
Sudane amarga kawoworan rereged saka asiling pakerti nalika nglakoni
urip. Uga saka jalaran durung rampung anggone netepi wajib nindakake
sabda dhawuhing Gusti Kang Maha Kuwasa. Akeh-akehe padha leren ana ing
‘alam pangrantunan’ (suwarga pangrantunan). Utawa malah kesasar ana ing
alaming lelembut, alaming sato kewan, utawa kesangsang dadi dhanyang
neng kayu lan watu.
Gandheng bisa sampurna loan orane ‘dzat urip’ (suksma) bali marang
sumbere (Dzat Sejatining Urip, Suksma Kawekas, Guruning Ngadadi)
gumantung saka pakerti nalika nglakoni urip neng ngalam donya, mula
banjur ana paugeran-paugeran kang tumuju marang kasampurnaning urip iku.
Iya ing kene iki ‘ngelmu urip’ kang dirembuk iki ana tegese.
0 komentar:
Posting Komentar