Menawa manungsa urip ijen, sejatine ora butuh ilmu lan ngelmu. Cukup
naluri alamiahe wae. Nanging nalika urip bebarengan karo manungsa liyane
lan karo titah dumadi liyane dibutuhake ilmu lan ngelmu. Dadine, ngelmu
urip iku lumakune kanggo nuntun manungsa nglakoni urip bebarengan ing
ngalam donya.
Ilmu iku ngoperasionalake nalar utawa cipta, dene ngelmu sing
dioperasionalake cipta-rasa-karsa. Mula ya beda tatacarane ngudi
antarane ilmu lan ngelmu. Menawa ngudi ilmu iku lumrahe saka sekolahan
lan pawiyatan-pawiyatan, dene ngudi ngelmu ora cukup semono, nanging
kudu disranani laku murih bisa manjing ing sajroning batin.
Ana ing khasanah Jawa kang luwih diudi iku ‘ngelmu’, mulane kadhang kala
lumrahe wong Jawa iku sok diarani ‘bodho’ ana ing ‘ilmu pengetahuan’.
Keladuking panganggep, Jawa iku kakehan klenik lan gugon tuhon. Rumit,
mbulet, angel dinalar, lan ora duwe ‘greget’ pepinginan marang
kemajuwan. Sing diudi mung kasekten lan tapa brata.
Panganggep sing mangkono iku pancene ada alasane. Contone, bisa gawe
candhi Borobudur apadene Prambanan sing cetha butuh ilmu pengetahuan
werna-werna tingkat tinggi, nanging kanyatane ora marisake ilmu
matematika, ilmu fisika, mekanika, lan ilmu pengetahuan liyane. Kamangka
lagi milih panggonan kanggo ngedegake candhi-cndhi iku wae wis kabukten
pener banget. Uga ing babagan kalender (almanak) sing njlimet nganti
bisa nemtokake wektu kang akurasine luar biasa, nanging kok ora ana
tinggalan bab angka-angka pangetunge. Manut ngendikane para pakar,
menawa ing bab petungan (ping, para, lan, suda, kuwadrat, lsp.) wong
Jawa nganggo cara ‘awangan’. Panemu mangkene iki bisa uga pancen bener.
Jalaran operasionale ‘cipta-rasa-karsa’ iku mapan manggon ing ‘daya
spiritual’ kang diduweni manungsa. Ora bisa ditulis kayadene ilmu-ilmune
wong Barat.
Ora beda karo ilmu nalar, ngelmu ‘cipta-rasa-karsa’ uga ana tataran
cendhek lan dhuwure. Ana manungsa kang nalare dhedhel sing bodhone ora
karu-karuwan, pijer nunggak sing sekolah. Semono uga ing bab ngelmu
‘cipta-rasa-karsa’ ya ana sing maju lan ana singsendhet ora mundhak
babar bisan senajan wis meguru neng pirang-pirang para sepuh.
Malah-malah wis nglakoni laku pirang-pirang werna uga ora ana
kaundhakane.
Akeh-akehe padha nganggep menawa ngudi ngelmu ‘cipta-rasa-karsa’ iku
padha karo wong ngudi ilmu pengetahuan. Bakune karep sing kenceng thok.
Kamangka banget bedane. Menawa ngudi ilmu sing dibutuhake pancen
‘kekarepan’ utawa ‘cita-cita’ (semangat). Dene ngudi ngelmu sing
dibutuhake malah menebake ‘kekarepan’ murih bisa ‘ênêng’ lan ‘êning’.
Bisane ‘ênêng’ lan ‘êning’ iku disranani ‘laku’ lan butuh ‘kas kang
nyantosani setya budya pangekesing dur angkara’ (niat kang mantep
nduweni budi luhur). Dadine, kang luwih dhisik kudu diduweni kanggo
ngudi ngelmu iku ‘budi luhur’.
Ngudi ngelmu ora bisa menawa mung kanggo ‘pelarian’ jalaran semplah
kelangan semangat ngadhepi urip. Upamane, rekasa golek pegaweyan (golek
sandhang pangan) njur nekuni ‘ngelmu kebatinan’. Panganggepe, nek wis
nglakoni ‘lakubrata’ werna-werna njur gampang entuk pegaweyan utawa
gampang rejekine. Modhel pelarian sing kaya mangkene iki akeh banget
tinemu ing tengahing bebrayan.
Salah kaprah panemu liyane, ‘ngelmu’ iku bisa kanggo mrantasi
pirang-pirang perkara. Ing antarane kanggo nylametake dhiri saka
tumindak salah lan ala. Upamane, murih ora kena ‘jerat hukum’ sawise
korupsi njur nglakoni ‘lakubrata’ utawa golek ‘backing spiritual’ marang
‘sesepuh’. mBok menawa wae pancen ana kasekten-kasekten sing bisa
kanggo kepentingan kang mangkono. Nanging kasekten kang mangkono iku
dudu ‘ngelmu urip’ kang ‘bener-becik-pener’. Ana ing Wedhatama, kasekten
jinis mangkono iku diarani ‘ngelmu karang’. Kekerane (kekuwatane) saka
asile kekarangan (bersekutu) karo bangsaning gaib. Ora rumasuk jroning
daging (ora manjing ing jroning batin). Ngibarate mung manggon ing kulit
kayadene boreh (wedhak pupur) alias apus-apus utawa palsu. Mula ora
bisa diandelake kanggo nglakoni urip kang ‘bener-becik-pener’. Ewa
semono, kanyatane ing tengahing bebrayan akeh pawongan kang bebudene
seneng golek gampang. Samubarang apa wae dianggep bisa diprantasi
nganggo kekuwatan spiritual silihan saka bangsaning gaib mau.
0 komentar:
Posting Komentar