Ngelmu Urip cara Jawa sumber bakune filosofi Jawa, panunggalan. Wondene
kang dituju kanggo nggayuh urip bebarengan kang tata tentrem kerta
raharja. Menawa diringkes, kang dituju iku: slamet. Slamet kanggo
pribadi, slamet kanggo kulawarga, slamet kanggo bebrayan, munggahe
slamet utawa hayuning bawana. Kanggo nggayuh sakabehing slamet mau,
ajaran Jawa
mulangake cara pangati-ati. Sakabehing persoalan ditimbang-timbang lan dipetung mateng. Mula banjur ana ‘ngelmu petung’. Yaiku ngelmu pangati-ati anggone nemtokake tumindak murih bisa nggayuh slamet. Kang paling populer babagan ‘ngelmu petung’ iki, yaiku petung owah gingsire kahanan ‘alam semesta’ kang diarani Primbon Wuku lan Wetonan.

Primbon Wuku lan Wetonan klebu ngelmu kang angel lan rumit, mula akeh
kang banjur ora percaya pigunane. Malah-malah banjur ana sing nganggep
gugon tuhon lan ngayawara. Kamangka sejatine mujudake sawijining sarana
kanggo tumindak ngati-ati. Lan maneh uga
nganggo landhesan kang maton, yaiku anane owah gingsire kahanan alam semesta.

Para leluhur Jawa kanyatane bisa niteni babagan owah gingsire alam
semesta miturut lakuning wektu. Bangsa liya, owah-owahan iku akeh-akehe
amung kanggo nyatheti ‘perjalanan waktu’. Dene para leluhur Jawa kang
nduweni ‘kesadaran semesta’, owah gingsire kahanan alam semesta ana
pengaruhe tumrap kahanan uripe manungsa. Salagine ubenge bumi ing
sumbune, wis
menehi owahing kahanan anane awan lan bengi. Naluri alamiah manungsa urip yen awan padha luru pangan dene bengine turu. Mula ora mokal menawa owah-owahan ‘posisine’ bumi karo sakabehing ‘benda angkasa’ ana daya pengaruhe marang uripe manungsa. Kesadaran semestane wong Jawa banjur bisa menehi tenger owah gingsire kahanan alam semesta. Ing antarane tenger owahing kahanan miturut perjalanan waktu :

1. Pasaran (Pancawara), etungan dina cacah 5 (lima):
Kliwon (Kasih), Legi (Manis), Paing (Jenar), Pon (Palguna), Wage (Cemengan, Kresna, Langking).
2. Paringkelan (Sadwara), etungan dina cacah 6 (enem):
Tungle, Aryang, Warukung, Paningron, Uwas, Mawulu.
3. Padinan (Saptawara), etungan dina cacah 7 (pitu):
Akat utawa Minggu (Dhite, Radhite, Radhitya), Senen (Soma), Selasa (Anggara), Rebo (Budha), Kemis(Respati, Wrahaspati), Jumuwah (Sukra), Saptu (Tumpak,Saniscara).
4. Padewan (Hastawara), etungan dina cacah 8 (wolu):
Sri, Indra, Guru, Yama, Rudra, Brama, Kala, Uma.
5. Padangon (Nawawara), etungan dina cacah 9 (sanga):
Dangu, Jagur, Gigis, Kerangan, Nohan, Wogan, Tulus, Wurung, Dadi.
6. Wuku (minggu) ana 30 (telung puluh): Sinta, Landhep, Wukir, Kuranthil, Tolu, Gumbreg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujud, Pahang, Kuruwelut, Marakeh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manail,
Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, Watugunung.
7. Sasi ana 12 (rolas): Sura, Sapar, Mulud, Bakdamulud, Jumadilawal, Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkaidah, Besar.
8. Taun ana 8 (wolu): Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.
9. Windu (umur 8 tahun) cacahe ana 4 (papat): Windu Adi (Linuwih), Windu Kuntara (Ulah), Windu Sengara (Panjir), lan Windu Sancaya (Sarawungan). Lakuning Windu saubengan ana 32 taun.
10. Lambang (umur 8 tahun) cacahe ana 2. Jenenge urut jenenge Wuku manut tumibane tanggal 1 Sura taun Alip ana ing dina kang klebu ing Wuku sing kanggo jeneng. Lakuning Lambang saubengan ana 16 taun.
11. Kurup (umur 15 windu = 120 tahun). Jenenge Kurup ana (7) pitu, manut tibane dina tanggal 1 Sura taun Alip: Tiba dina Jumuwah – Jamngiyah, Kemis – Kamsiyah, Rebo – Arbangiyah, Selasa – Salasiyah, Senen – Isnainiyah, Akad – Akadiyah, lan Sabtu – Sabtiyah.
12. Mangsa (sasi manut Suryasangkala, Tahun Saka): Kasa = Karttika, Karo = Pusa, Katelu = Manggasri, Kapat = Citra, Kalima = Manggakala, Kanem = Naya, Kapitu = Palguna, Kawolu = Wisaka, Kasanga = Jita, Kasapuluh = Srawana, Dhasta (Kasewelas) = Padrawana, Saddha
(Karolas) = Asuji.

2 komentar:
Asslikum kangmas.nyuwun izin maca ugi mangerteni artikel panjenengan,,matursuwun
monggo, mugi dados tambah ngelmu, amiin
Posting Komentar