Ing tengahing bebrayan wektu iki, akeh kang nganggep primbon pawukon lan
wetonan petungan kang ora klebu nalar, gugon tuhon ngayawara.
Malah-malah akeh uga kang nganggep ‘bertentangan’ karo ajaran agama.
Nanging anehe, sing padha maido iku nyatane ya ora
wani nerak kapercayaan anane dina becik lan ala. Uga ana kang isih perlu golek dina becik nalikane arep mantu, pindhah omah, serah terima jabatan lan sapanunggalane.
wani nerak kapercayaan anane dina becik lan ala. Uga ana kang isih perlu golek dina becik nalikane arep mantu, pindhah omah, serah terima jabatan lan sapanunggalane.
Kanyatan mangkene iki nuduhake menawa sejatine ing jero batine wong Jawa
pancen wis kadunungan ‘kesadaran semesta’ kang mbalung sungsum. Anane
padha duwe anggepan yen wuku lan wetonan gugon tuhon mung sawijining
‘pepinginan’ ben diarani moderen utawa
‘lurus imane’.
Pancen gegandengan karo masalah owah-owahan kahanan semesta alam kang dipetung nganggo wuku lan wetonan banjur ana tuntunan Jawa kanggo ‘menyiasati’ murih becike. Tuntunan mau ana kang wujud ritual sesaji lan ruwatan kang ora gampang dinalar. Upamane kang disebut ‘sedhekah ngawekani sambekala wuku’ utawa ‘ruwatan wuku’ kang wujude ritual kendurenan. Apa maneh dongane kok dudu donga Jawa nanging donga agama Islam kang diwenehi pengantar nganggo basa Jawa. “ Apa mandi dongane ?”, mangkono pitakonan kang kerep ditampa KSM.
Ewuh aya anggone arep nerangake. Amarga bab iki pancen ana sambunge karo transformasi budaya nalika lumebune agama Islam ing Jawa. Menawa digoleki ing literatur bab anane sambekala wuku lan tatacara sidhekahe kaya kang disebut ing buku-buku primbon, ketemune mung ana ing jaman kapujanggan. Yaiku jaman nalikane akeh lakubudaya Jawa kang wis dileboni pengaruh agama Islam. Mula (pandugane KSM) babagan sesaji lan donga ngawekani ‘sambekala wuku’ wis ora asli Jawa maneh.

Gumantung sing nampa. percaya njur dilakoni ya becik, ora percaya ya
resiko pribadine dhewe-dhewe. Amarga pratelan ing wuku lan wetonan amung
kaya dene ancer-ancer sipating manungsa kang disebabake kahanan aurora
kosmis semesta nalikane lair. Fungsine kanggo instropeksi dhiri anggone
nglakoni urip murih ngati-ati. Karomaneh, kanyatane pratelan wetonan lan
pawukon ora bisa ditampa mentahan. Jalaran bisa gawe nglokro menawa
pratelane elek, nanging uga bisa
njalari kemlungkung menawa pratelane tiba becik. Kabeh isih butuh disurasa dhewe-dhewe sagaduke ‘cipta rasa karsa’ kang diduweni.
njalari kemlungkung menawa pratelane tiba becik. Kabeh isih butuh disurasa dhewe-dhewe sagaduke ‘cipta rasa karsa’ kang diduweni.
Pratelan wuku lan wetonan uga dudu ‘kodrat’, nanging amung kaya dene
‘bungkus kosmis’ kang bisa disuwak utawa diluruhake. Gambarane kaya dene
pengaruh lingkungan (masyarakat) marang perkembangan SDM. Menawa
kahanan masyarakate pancen endhek kualitas peradabane, SDM uga endhek
kualitase. Bisane owah menawa diwulang (pendidikan). Mengkono uga bab
pratelan wuku lan wetonan kang gegayutan karo watak wantune manungsa
bisa disuwak lan diowahi sarana ‘laku’ ngoptimalake dayane
‘cipta-rasa-karsa’.Ananging gandheng kang dadi sumber pengaruhe iku
kahanan alam semesta, mula laku panyuwake uga ora gampang. Mulane para
leluhur banjur njupuk panyuwake sambekala wuku nganggo sesaji lan
didongani. Pamrihe
supaya gampang dilakoni dening ‘awam’. Wondene ‘kahanan alam semesta’ kang pancen ora becik kanggo sawijining pakaryan, para leluhur paring pepeling murih disingkiri. Pamrihe kanggo pangati-ati anggone tumindak lan tansah eling marang kahanan alam semesta. Pangati-ati iku becik, dadi ngawur banget menawa ana komentar nganggep ‘klenik’ marang kang percaya anane dina ala lan dina becik kanggo sawijining pakaryan.

Ilmu Pengetahuan lan Teknologi jaman saiki pancene wis bisa menehi
andharan babagan observasi alam semesta. Pirang-pirang satelit bisa
diorbitake kanggo kepentingan komunikasi lan mengamati gejala lan
peristiwa alam semesta. Pigunane akeh banget tumraping manungsa. Nganti
bisa ‘ngramal’ bakal anane bencana alam werna-werna. Kabeh observasi
alam semesta mau bakune uga kanggo mangerteni owah gingsire kahanan alam
semesta kang tujuwane golek ‘slamet’. Mula ing kene becike ditunggu wae
asile observasi mau jumbuh apa ora karo pratelane wuku lan wetonan cara
Jawa. Menawa jumbuh tegese leluhur Jawa wis ndhisiki ngerti pakartine
alam semesta. Dene yen geseh, lagi bisa diarani menawa kawruh warisane
leluhur Jawa bab
wuku lan wetonan pancen ‘ngayawara’.
wuku lan wetonan pancen ‘ngayawara’.
0 komentar:
Posting Komentar