Wuku lan wetonan sejatine dudu ramalan, nanging petung utawa malah bisa
diarani sawijining kawruh kanggo mangerteni ‘situasi lan kondisi’ alam
lan wataking manungsa manut weton lan wuku kelahirane. Gandheng manungsa
kadunungan ‘cipta rasa karsa’ mangerteni kahanan alam semesta lan
wewatekane dhewe-dhewe iku migunani kanggo nglakoni urip. Saora-orane
kanggo
pangeling-eling murih bisa srawung kepenak karo sapadha-padha.

Pratelan wuku lan wetonan uga dudu kodrat, ananging amung ancer-ancer
kahanan kang bisa disiasati dening dayaning ‘cipta rasa karsa’ kang
diduweni manungsa. Ya ing kene iki perlune ngoperasionalake kesadaran
ber-Tuhan, kesadaran kesemestaan lan kesadaran keberadaban. Menawa ing
jeroning batin kita tansah ngupadi nglakoni urip kang
‘becik-bener-pener’ bakale
ya dituntun manggih kamulyan temenan. Beja-cilaka, seneng-susah amung kahanan kang lumrah dialami dening manungsa.

Ngelmu urip candhake ngrembuk bab ‘kesadaran keberadaban’. Tinitah dadi
manungsa kang diparingi ‘cipta rasa karsa’ wus samesthine kudu beradab
utawa nduweni ‘budi pekerti luhur’. Pigunane kanggo urip bebarengan karo
sapadha-padha (manungsa liyane). Ing tengahing bebrayan pancen ana kang
duwe panganggep menawa ‘peradaban’ Jawa isih kegolong primitif.
Panganggepe didhasarake anane lakubudaya Jawa ‘atur sesaji’. Malah kepara ana sing ndakwa menawa lakubudaya ‘atur sesaji’ iku ‘bersekutu’ karo setan. Ya, kabeh mau syah-syah wae, wong mung panemu. Tur akeh-akehe panemu kang mangkono iku ora dikantheni ‘nyinau’ luwih dhisik. Nek dijlentrehake larah-larahe sing klebu nalar, padha mbregudul emoh nampa. Lha ya
wis sumangga, wong kadhung nampa piwulang saka peradaban liya kang dianggep luwih bener lan moderen. Peradaban Jawa iku ngrembakane kanthi aras peradaban pertanian sawah lan kebaharian. Ana ing peradaban iki kanyatane dibutuhake ‘makarya bebarengan’. Ora ana
pegaweyan kang bisa ditandangi ijen. Olah tani nggarap sawah lan misaya iwak (kenelayanan) ora bisa tumandang ijen. Mesthi ana sangkut-paute karo manungsa liyane. Contone bab pengairan sawah cetha kudu ana ‘manajemen bersama’ murih padha bisa entuk banyu saka sumber alam kang uga dadi ‘milik bersama’. Semono uga nalika kudu golek iwak neng tengah laut,
mesthi bebarengan sak perahu.

Aras peradaban kang kasebut ndhuwur adoh banget sungsate menawa
dibandhingake karo aras budaya ‘penggembala ternak’ ing Asia Daratan lan
‘pertanian kebun’ ing Eropa. Kekarone bisa ditandangi ijen utawa sak
keluarga thook. Mula sing berkembang ‘individualisme’ dudu
‘kebersamaan’. Ana ing peradaban kang individualis banjur thukul anane
budaya ‘juragan-pekerja’ lan kang ekstrim budaya ‘majikan-budhak’. Ana
ing peradaban individualis banjur akeh tabrakan kepentingan: individu,
keluarga (klan), lan kabilah kang entek-entekane wujud konflik.
Konflike rebutan padhang penggembalaan, rebutan kesuburan lahan perkebunan, rebutan budhak, lan rebutan ‘kamisuwuran-bandha-wanita’.

Beda banget karo aras peradaban Jawa kang pertanian sawah lan
kebaharian. Ana ing peradaban iki, kanthi alamiah wong-wonge padha
sadhar menawa ora bisa urip ijen. Padha sadar menawa antarane manungsa
siji lan sijine ana ‘hubungan lan saling tergantung’. Biyen=biyene,
masyarakat Jawa sing pedalaman (pertanian) nyawiji ana wilayah
‘Kabuyatan’, dene sing
neng pesisir ing wilayah ‘bebandharan’. Malah sing nggumunake, ing masyarakat pesisir, pemimpine para wanita kang disebut Nyai Ageng. Dene ing para Buyut kang akeh-akehe para pria disebut ‘Ki Buyut’ utawa ‘Ki Gedhe’.
Nyai Ageng lan Ki Buyut (Ki Gedhe) kejaba nduweni kaluwihan kepinteran babagan ‘kepemimpinan sosial’, uga padaha nduweni karisma (kaluwihan) ing babagan spiritual. Wewatakane ‘ngayomi’, mula wargane bisa suyud lair terusing batin. Kabeh warga ing
‘bebandharan’ lan ‘kabuyutan’ bisa makarya bebarengan manut kabisane dhewe-dhewe. Arang banget anane ‘konflik’ amarga arase tansah migunakake ‘musyawarah’ kang dipimpin dening pemimpin utama, Nyai Ageng lan Ki Buyut.

0 komentar:
Posting Komentar