Anane pemerintahan model ‘kabuyutan’ lan ‘bebandaran’ nuduhake menawa
sejatine Jawa iku duwe sistim pemerintahan sing teratur lan asli. Dudu
jiplakan saka Asia daratan (India, Burma, lsp.) kaya dene panemune para
pakar sejarah asing. Pancen ana teori-teori ‘nggladrah’ babagan
asal-usule wong Jawa klebu budaya lan peradabane. Cilakane, anggone
nyusupake teori mau pinter banget, kasebut ‘Jangka’. Manut teori
‘Jangka’ iki, asal-usule wong Jawa iku saka krenahe Sultan Ngerum (Timur
Tengah) kang mrihatinake kahanane P. Jawa kang tansah kompal-kampul ing
tengahing samodra. Banjur utusan para syech-syech sektine supaya mantek
P. Jawa. Panteke wujud Gunung Tidar (Magelang). Sawise P. Jawa anteng
banjur diiseni manungsa kang dijupukake saka wilayah Asia daratan.
Diusung nganggo prau komplit sak ingon-ingon lan kaperluwan bukak sawah
pertanian. Saben prau diiseni wong salaksa (10.000). Menawa dinalar, lha
rak ketok banget anggone arep gawe ‘pinunjule’ wong-wong saka Timur
Tengah. Buktine, wong Timur Tengah ora duwe ‘budaya bahari’, kok
bisa-bisane gawe prau sing bisa momot puluhan ewu manungsa sak
kewan-kewane. Lha ya kepriye bisane gawe prau, wong ora duwe alas kang
kayu-kayune bisa dianggo gawe prau.
Ana maneh teori awur-awuran kang disebut ‘Jangka’ mau. Yaiku, crita
menawa Sang Prabu Jayabaya iku muride Syech Samsujen kang asale saka
Ngerum. Klebu nalar apa ora menawa “Ratu Gung Binathara Jawa’ mik trima
dadi muride ‘syech’ saka negara Ngerum sing ora kondhang babar pisan ana
ing sejarah?
Strategi penjajahan peradaban, ngono panemune KSM babagan anane
teori-teori ‘nggladrah’ bab asal-usule wong Jawa lan budayane kang
disebut ing ‘Jangka’. Bisa uga panemuku iki akeh sing ora sarujuk.
Amarga kadhung percaya banget karo ‘jangka-jangka’ kang sumebar ing
tengahing masyarakat. Dhek malem Selasa Kliwon (16 Juli 2007) kepungkur,
KSM dikon sesorah ‘Falsafah Panunggalan’ neng ngarepe warga Yayasan
Kanthil Semarang. Ana peserta sing takon, posisine
‘Jangka Jayabaya’ neng Falsafah Panunggalan iku priye? Tak wangsuli, menawa ing jangka kang dikarepake isih ana wacana Prabu Jayabaya muride Syech Samsujen, iku jangka ‘omong kosong’. Jangka kang migunakake basa Jawa anyar kasebut perlu dirunut neng basa Kawi. Jalaran nyebut Prabu Jayabaya kang ing jamane maju banget kasusastran Kawi (Kakawin). Yen ora ana rujukan ing basa Kawi, cetha yen ‘jangka’ kang dikarepake karyane penjajah. Tujuwane kanggo
ngringkihake ‘kedaulatan Jawa’.

Para maos, kanyatane ing donya iku pancen ana jajah-menjajah antar
peradabane manungsa. Ing kene, Jawa tansah dadi korban penjajahan utawa
sing dijajah. Mula akibate budaya lan peradaban Jawa diasorake. Dianggep
primitif, kebak klenik lan ketahayulan. Wusanane wong Jawa akeh sing
rumangsa ‘isin’ marang budaya lan peradaban warisan leluhure. Amarga
wedi mlebu neraka, wong Jawa wis akeh kang ora gelem nindakake
lakubudayane kang dicap ‘syirik’ utawa
bersekutu karo setan.
bersekutu karo setan.
Kamangka, sejatine lakubudaya Jawa iku luhur banget. Ana ing sarasehan
Selasa Kliwonan Yayasan Kanthil, tak aturake conto kaluhurane lakubudaya
Jawa kang pancadane Falsafah Panunggalan.. “Kambing melahirkan pun
perlu diselamati”, ngono irah-irahan berita Harian
Wawasan anggone ngomentari sesorahku. Nylameti laire wedhus, satleraman pancen kayadene tumindak nganeh-anehi lan mubadir. Nanging akeh sing ora mangerti menawa slametan laire wedhus kang wujud ‘dhawet’ iku nuduhake ‘ide Panunggalan’. Senajan wujude wedhus, kanyatane uga titahe Gusti Allah. Wong Jawa kang sadar Panunggalan lan rumangsa diparingi
‘Cipta Rasa Karsa’ mesthi mudheng menawa kudu ngurmati laire titahing Gusti. Perkara peradaban liya nganggep wedhus mik kewan kang syah ‘dibantai’ kanggo ritual agama, iku dudu urusane wong Jawa kang landhep ‘rasa pangrasane’, lantip ciptane, lan tulus sumarah karsane
tumuju marang Panunggalan.

Conto luhure peradaban Jawa liyane, yaiku tradisi sesaji ing malem
Jumuwah Kliwon utawa Selasa Kliwon. Wujude sesaji ‘kembang setaman’ kang
ing esuke disebar ing prapatan dalan utawa plataran omah. Akeh kang
nganggep lakubudaya iki klenik, tahayul, lan syirik. Nanging coba tak
aturi nyimak rapal mantrane nyebar kembang, mangkene:
“Ora nyebar kembang, nanging nyebar kabecikan. Gusti Ingkang Maha Kuwasa keparengna Paduka paring kawilujengan lan karahayon dhumateng sedaya titah Paduka ingkang langkung ing prapatan (plataran) punika.” Lha mbok wujud gendruwo, coro, utawa kirik sing liwat katut disuwunake keslametan lan karahayon. Mangga dipenggalih lan ditandhing karo lakubudaya liyane!.

0 komentar:
Posting Komentar