Sedulur gaib manut ajaran Jawa (marmarti, sedulur papat kalima pancer, lan sedulur tunggal dina
kelairan) konteks pengertiane anane hubungan kosmis-magis jagad cilik lan jagad gedhe. Tegese,
adege manungsa urip iku duwe sesambungan karo jagad saiisine tata lair
lan spirituil. Pangerten kesadaran kesemestaan lan holistik mangkene iki
baku banget kanggo mangerteni lan nindakake ‘ngelmu urip’ kanggo
nggayuh katentreman lan kamulyan. Tentrem lan mulya kanggo pribadi lan
bebrayan tumekaning hayining bawana (jagad).
Paugeran urip mungguhing wong Jawa normatif uga kudu didhasari kesadaran
kesemestaan. Mula ranah budaya lan peradaban Jawa mlakune ora ninggal
kesadaran kesemestaan iki. Prasasat ora ana ‘kepentingan individu’
tumrape para empu/pujangga/sarjana sujana anggone ngripta lan nyipta
‘seni budaya’ Jawa. Contone, kaloka dikayangapa gendhing ‘Ketawang
Puspawarna’, kanyatane ora dipatenake lan nalika diproduksi wujud
rekaman ora ana tuntutan ‘royalty’ saka kang nyipta utawa ahli warise.
Ing kene iki katon banget menawa ‘profesionalisme’ Jawa ora gegayutan
karo materi lan komersialisme, nanging wujud ‘persembahan’ tumuju marang
hayuning bebrayan. Adoh banget karo model Barat kang sarwa komersiil
lan materialisme. Kabeh mau amarga kang wus ngrasuk Kejawen kanthi
‘bener-becik-pener’ pancen wus kagungan
‘kesadaran panunggalan’ kang dhuwur tingkatane. Uripe dipasrahake kanggo
‘ngawula kawulaning Gusti’. Emane, amung sethithik manungsa kang bisa
kanggonan ‘kesadaran panunggalan’ iki. Nanging, senajan sethithik
dibutuhake kanggo aweh ‘pencerahan’ marang manungsa liyane.
Banget sing mumet nalika diparingi piwulang bab ‘kesadaran kosmis’ iki.
Amarga istilahe medeni banget, “Manunggaling Kawula Gusti”. Terus carane
mulang tansah ana ing ranah spirituil sing lakune jan abot temenan. Ing
antarane ana laku bisane ketemu karo para ‘sedulur papat’ kang
digambarake madha rupa karo awake dhewe mung beda cahyane. Ing kene iki
KSM
ngaku blaka menawa gagal. Malah njur gumun dene kanca-kanca sing bareng
sinau, jarene kasil bisa ketemu. Embuh kanyatane, amarga sing ngerti lan
pana temenan ya sing nglakoni. Ing batin KSM ngudarasa, “Kanggo apa
menawa wis bisa ketemu sedulur gaibe dhewe? “
Ana sesepuh kang paring pangandikan menawa ‘sedulur papat’ iku sejatine
padha karo ‘empat nafsu’ (Amarah, Luamah, Sufiah lan Mutmainah). Nanging
KSM tambah bingung maneh. Lha wong sing dingerteni ‘sedulur papat’ iku
rohe ‘kawah-aruman (ari-ari)-getih-puser’ kok njur dipadhakake karo
‘empat nafsu dasare manusia hidup’, kepriye anggone nyambungake
pangertene? Luwih kodheng maneh nalika entuk keterangan ing ‘Layang
Djojoboyo’ menawa kang disebut sedulur spirituale manungsa (cacahe
papat) jenenge: Jâbârâlâ, Mâkâhâlâ, Hâjârâlâ, lan Hâsârâpâlâ. Kapapate
utusane Gusti Kang Maha Kuwasa kang ing khasanah agama-agama saka Timur
Tengah disebut Malaikat. Bisa ditarik kesimpulan mengkono jalaran
jenenge utusan kasebut persis basa nglegena asmane Malaikat ing ranah
agama Islam: Jibril, Mikail, Ijroil, lan Ishrofil.
Ing ranah ajaran Jawa ora ana diskripsi ngenani anane ‘malaikat’ lan
‘setan’. Amarga dasare ‘filosofi panunggalan’ kang nerangake menawa
kabeh kang ana ing jagad gumelar iki mujudake ‘Kesatuan Tunggal
Semesta’. Manunggaling kawula Gusti, nerangake menawa sing disebut
‘utusan’ iku ora liya ya suksma sejatine manungsa dhewe. Wondene suksma
sejati iku derivasine
‘Suksma Kawekas (Guruning Ngadadi, Hyang Agung, Hyang Widdhi, Gusti Allah).
Wacana ing ndhuwur iku tak aturake murih para kadang kang kepingin ngudi
‘nglemu urip’ bisa mudheng temenan sesambungane sedulur gaibe manungsa
karo ‘ngelmu urip’. Uga aja nganti ‘wor suh’ karo pangerten-pangerten
‘ajaran agama’. Ngerti bedane lan diskripsine murih bisa ndudut hikmahe
lan bisa milih lan milah kanthi becik, bener, lan pener. Bakune, ‘ngelmu
urip’ iku tuntunan nglakoni urip cara Jawa. Sinebut ing Wedhatama:
“mrih kretarta pakartining ngelmu luhung kang tumrap ing tanah Jawi”.
Manungsa iku amung ‘kawula’ utawa ‘titah’ kang duwe kewajiban ‘memayu
hayuning alam semesta’. Dene ‘titah’ iku ora mung manungsa thok, lan
kabeh padha kaparingan kewajiban sing padha “memayu hayuning bawana
(alam semesta)”. Iya kesadaran dasar ngrumangsani dadi titah kang wajib
memayu hayuning bawana iku pancadan baku ‘ngelmu urip’. Kesadaran iki
kang disebut ‘ngelmu luhung’ ing Wedhatama kasebut ndhuwur.
0 komentar:
Posting Komentar