1. Sedulur Marmarti, kedadeyan saka rasa kumesaring ati lan ngemar-emari awake biyung (ibu) nalika arep nglairake.
2. Sedulur papat, yaiku rohe kawah (ketuban), ari-ari, getih, lan puser.
3. Sedulur tungal dina kelairan, yaiku sakabehing anake titah dumadi kang bareng dina laire utawa kedadeyane.
Filosofi Jawa iki pancen akeh sing ora percaya apa maneh mudheng karo
karepe. Jalaran pancen arang kang kersa nerangake lan njlentrehake
kanthi wijang. Embuh marga ora ngerti apa pancen angel dudutane.
Kamangka sejatine baku banget kanggone ngelmu urip. Jalaran kanthi cetha
mulangake bab hubungan kosmis-magis antarane jagad cilik (manungsa)
karo jagad gedhe (alam semesta).
Sedulur marmarti maringi pangerten bab sesambungan lair batine anak karo
biyung kandhunge munggahe marang para leluhure. Sedulur papat (kalima
pancer) nerangake menawa roh (suksma)-ne manungsa iku ‘wujud hubungan
inti-plasma’. Pancer sing dadi ‘inti’, dene sedulur papat ‘plasma’-ne.
Dene anane sedulur tunggal dina kelairan, mulangake menawa sakabehing
kang ana ing alam semesta iki ‘manunggal’.
Miturut Kejawen, alam donya (ngarcapada) kang dipanggoni manungsa urip
iki sejatine phase lanjutane alam kandhutane biyung. Nalika ing jero
kandhutan, sing ngreksa urip lan dadi piranti sesambungane janin karo
anggane biyung wujud ‘kawah, ari-ari, getih lan puser’, mula nalika urip
ing ngarcapada iya rohe ‘kawah, ari-ari, getih lan puser’ sing ngreksa
lan dadi ‘tali gaibe’ manungsa urip karo alam ngarcapada (donya).
Anane sedulur tunggal dina kelairan nerangake bab ‘panunggalan’,
sakabehing kang gumelar ing jagad iki miturut kepercayaan Jawa,
manunggal utawa nyawiji. Kawangun kanthi hubungan kosmis-magis
‘inti-plasma’: “Manunggaling Kawula Gusti”. Kawula plasma, dene Gusti
(Sesembahan) minangka ‘inti’. Sesembahan iku ora mung duwekke manungsa,
nanging uga sesembahane sakabehing titah dumadi. Mula konsep Jawa
nyedulurake sakabehing ‘titah’. Ora ana memungsuhan ing antarane titah.
Kabeh duwe kewajiban ‘nyangga’ maujude panunggalan.
Gandheng kapercayaan anane sedulur gaib tumraping manungsa iku banget
kanggone ngelmu urip, mula ana ritual Jawa kang khusus kanggo ‘memule’
anane sedulur gaib iku. Memule dudu pekerti nyembah, nanging mung
mulyakake lan ngelingi anane. Yaiku eling marang ‘hubungan gaib’ dhirine
manungsa karo alam semesta sak isine. Suksmane manungsa ora mung
nguripi, nanging uga ngreksa lan ‘adeg’ sesambungan karo suksmane
sakabehing titah dumadi liyane.
Bisa uga pangerten iki ora nyambung karo ajaran agama. Mula banjur akeh
kang ora mathuk lan keladuke malah nganggep menawa memule sedulur gaib
dianggep bersekutu karo setan. Ya sumangga wae, pancen kapercayan Jawa
ngono anane. Dipercaya kena, ora percaya inggih kenging kemawon. Dilaras
lan dinalar dhewe-dhewe sing kepenak wae.
Ritual utawa laku kanggo memule sedulur gaib werna-werna. Gumantung
marang abot enthenge jejibahan uripe dhewe-dhewe. Sing kuwagang lan duwe
penggayuh dhuwur mesthine ya nganggo laku sing abot. Dene sing trima
lugu lan sanane, lakune ya sing entheng-enthengan. Sing abot ya laku
Pancabrata saben wetonane dhewe-dhewe. Dene sing entheng wujud sesaji
ing saben dina wetonan kelairane dhewe-dhewe. Sing ora sreg karo sesaji,
nindakake pasa saben wetonane dhewe-dhewe.
Njur pikolehe apa? Mangkono pitakonan kang asring tak tampa. Gandheng
bab iki nyangkut kapercayan, mula pikolehe ya dirasakake karo sing
nglakoni. Sing percaya lan gelem nglakoni mesthine ya bisa ngrasakake
oleh-olehane. Dene sing ora percaya mesthine ya ora gelem nglakoni, mula
ya ora bisa ngrasakake oleh-olehane. Sing kudu dieling-eling, saben
laku iku kudu disranani tekad sing mantep, ora kena gamang utawa
was-was. Sumangga.
0 komentar:
Posting Komentar