Miturut ngendikane pujangga kang ngripta Serat Darmagandhul (Ki
Kalamwadi), sastra suci (firman, sabda dhawuh) saka Gusti Kang Maha
Agung iku tunggal sumebar sak jagad, arane Sastra Urip, kaperang ing
tataran tumurune, bawarasane KSM:
1. Kang sepisan disebut Sastra Rancang, sastra kang nglimputi sakabehing titah urip (kadim).
2. Kapindho sinebut Sastra Swarawangsit, wujude unine manuk. Unine manuk
iku sabdane Hyang Agung, manuk amung darma ngelingake dhawuh sasmita
elok gaibe Hyang marang sakabehing titah dumadi.
3. Katelu, sinebut Sastra Arja Ayuningrat kang gaib wujude, ora tinulis ing kertas nanging nglimput jroning wujud (titah).
4. Kaping papat sinebut Sastra Endraprawata, yaiku sastra anggitane
manungsa kang tinulis lan bisa disawang mata lahiriah. Saben bangsa
manungsa duwe aksara dhewe-dhewe. Mula sastra (firman, sabda)-ne Gusti
Allah kanggo saben bangsa tinulis mawa cara bangsane dhewe-dhewe. Dene
bisane mangerti isining sastra (firman, sabda) kudu marsudi ing budi
kawruh.
5. Kaping lima disebut Sastra Swarasandi, swara (wisik) metu saking
gaib. Kang ngrungu kuping pribadi, ngrungu swarane wong wadon.
Amung titah pinilih kang bisa mangerti Sastra Rancang, Sastra
Swarawangsit lan Sastra Arja Ayuningrat. Titah pinilih ya titah kang wus
tumapak ing tataran ‘paramayoga’, tingkat yoga (semedi, meditasi) kang
paling dhuwur dhewe.
Begjane tinitah Jawa, Gusti Allah ngeparengake para winasise kang wus
ing tataran ‘paramayoga’ medar sabda mbabar kawruh rungsit babagan
sejatining urip (hakekating urip). Kawruh kang winedar nulad saka
asiling nampa ‘pencerahan’ maca Sastra Rancang, Sastra Swarawangsit, lan
Sastra Arja Ayuningrat. Sastra gaib tetelune iki mbok menawa kang
disebut “Sastra Jendra Hayuningrat”.
Babagan ‘sastra’ iki tak aturake ana ing bawarasa Ngelmu Urip kanggo
mengerteni prekara spiritualisme (kebatinan) Jawa. Bab iki perlu, amarga
ing ranah ejawen akeh kang umyek ngrembuk bab “Sastra Jendra
Hayuningrat”, lan akeh uga kang wani ngaku wus bisa ndungkap kawruh
‘Sastra Jendra’. Kejaba iku, kanggo atur pangerten menawa ngelmu
Sejatining Urip cara Jawa ora ngayawara lan dudu mistik keprimitifan
kaya kang didakwakake sasuwene iki. Ngelmu Jawa iku bisa ditelusuri
logika rasionale.
Ana pitakon, Jawa iku sejatine duwe donga lan cara panembah marang Gusti
Kang Maha Kuwasa apa ora? Ewuh aya anggone arep atur wangsulan. Menawa
diwangsuli ana, sing kepriye donga lan tatacara panembahe? Menawa
diwangsuli ora ana, lha kok aneh ! Bab iki, sajake pancen wis dadi
rembuk umyek duk jaman kapujanggan. Jaman nalika sebaran agama Islam lan
sebaran ide rasionil Barat gencar-gencare ngisi ruang batine wong Jawa.
Kahanan kang dening para pujangga
Kraton ditengarai bakal gawe rusake pranatan Jawa. Mula menawa nyimak jero karya sastrane para pujangga, ngumunake. Diskusi antarane para pujangga adu penemu lan argumen banget narik kawigaten. Ana sastra kang isine ‘memantapkan’ ajaran Islam, ana sastra kang samar-samar ngemot ‘perlawanan’, ana uga sastra kang ‘mensinergikan’ ajaran agama Islam, Hindhu, lan Buddha karo piwulang Jawa. Ana uga kang radikal menyerang doktrin dogma agama-agama. Kawicaksanan politik Kraton anggone ngemong diskusi aja nganti gawe dredah ing antarane para kawula banjur nganakake seleksi karya sastrane para pujangga. Ana kang dikeparengake lolos dikonsumsi kawula, ana kang kudu disimpen dadi kapustakan sinengkere Kraton. Elok temenan para intelektual Jawa jaman iku lan kawicaksanane pemerintahan Kraton anggone ngecakake ‘manajemen konflik’ murih ora gawe dredahe bebrayan. Nanging, kang sinengker iku akeh kang didadekake ‘cindera mata’ marang para warga Eropa. Digawa mulih neng negarane, disinau lan ddianggo studi pirang-pirang kepentingan. Sing cetha banjur kanggo pancadan ‘menjajah’.
Saperangan karya sastra kang radikal ana sing lolos sensor utawa pancen disengaja dening pemerintah penjajahan murih kahanan para kawula Jawa kegawa ana ing suwasana ‘konflik’ saengga lali menawa bumine diperes entek-entekan.

Artikel

0 komentar:
Posting Komentar