Ditelisik lan dionceki sing nganti jero, filosofi Jawa iku mulangake
menawa sakabehing kang ana (dumadi) iku ‘manunggal’. Panunggalane
sinebut ing unen-unen: ‘Manunggaling Kawula Gusti’. Menawa diistilahake
nganggo basa Indonesia: ‘Maha Kesatuan Tunggal Semesta’.
Nanging perlu dimangerteni uga menawa ana ing jagad ngelmu kebatinan,
‘Manunggaling Kawula Gusti’ mujudake tataran makrifat kang paling dhuwur
dhewe. Yaiku tingkat kesadaran batin kang wus tekan ‘jumbuhing’ kawula
lan Gusti. Tegese kang gampang dimangerteni awam yaiku tataran kebatinan
kang wis mangerteni ‘sejatining urip’ utawa ‘hakekating urip’.
Mengerteni ‘sejatining urip’ iku kang dikarepake bisa nggayuh ‘Kawruh
Kasampurnan’. Magerti wajibing kawula (titah):
1. Marang Gustine (Sesembahane).
2. Marang sesamaning titah manungsa.
3. Marang jagad saisine.
Pepunthoning pangerten werna telu kasebut ndhuwur ora wurunga uga tekan
marang kesadaran panunggalan. ‘Sakabehing kang ana iku manunggal’.
Wondene gegambarane panunggalan iku sinebut ing unen-unen ‘kadya kembang
lan cangkoke’ utawa ‘kadya sesotya lan embanane’. Menawa nganggo
istilah moderen kadidene hubungan ‘inti’ lan ‘plasma’. Gusti kang dadi
intine,
dene kawula dadi plasmane.
Struktur hubungan inti pancer, jawa lan plasma (macapat, jawa) kanyatane
dadi lelandhesane sakabehing ‘ide-ide’ ing jagad Jawa Contone, ‘roh
alam semesta’ disebut ‘Hyang Manikmaya’. Hyang Manik minangka inti, dene
Hyang Maya dadi plasmane. Ing pewayangan Hyang Manik disebut uga Sang
Hyang Jagad Girinata utawa Bathara Guru. Dene Hyang Maya disebut Hyang
Ismaya utawa Hyang Taya alias Semar. Conto liyane, rohe manungsa disebut
‘Pancer lan Sedulur Papat’, ‘Pancer’ dadi inti lan ‘Sedulur Papat’ dadi
plasmane. Ide sistim ‘pancer-mancapat’ uga dipigunakake kanggo
ngadegake negara, mangun desa, percandian, keraton, kutha-kutha,
persawahan, gawe giliran pasaran (ekonomi) tumekane gawe tumpeng sesaji.
Dadi cethane, menawa ing jagading ilmu pengetahuan ditemokake sistim
inti-plasma (pancer-mancapat) wiwit anane renaisans ing Eropa, Jawa wis
mraktekake wiwit jaman kuna makuthi.
Kang bisa kanggo conto, ide ‘pancer-mancapat’ Jawa babagan adeg negara.
Kang dadi pancer (inti, Gusti) yaiku ide (cita-cita, gegayuhan) didegake
negara kang sinebut ing janturan/suluk pedalangan: “Negari adi dasa
purwa, panjang-punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi, tata tentrem
kerta raharja”. Dene sakabehing warga negara tanpa mbedak-mbedakake
antarane rakyat jelata lan pemimpin dadi mancapat (plasma, kawula).
Kewajibane kawula negara njaga lan nyengkuyung madege negara. Nanging
kanyatane, wiwit jaman kerajaan-kerajaan tumekane jaman republik wektu
iki, ide ‘pancer-mancapat’ babagan kenegaraan dienggokake. Raja
(pemimpin) dadi pancer (gusti, inti) dene rakyat dadi mancapat (kawula,
plasma). Wusanane ide Jawa kang ‘adiluhung’ owah dadi sistim feodalisme
kang kebak KKN (Korupsi, Kolusi, Nepotisme).
Owahe sistim peradaban adiluhung Jawa dadi feodalisme wis lumaku atusan
taun. Kawiwitan nalika mlebune budaya lan peradaban saka Asia Daratan.
Mlebune budaya lan peradaban India kang ngenalake sistim kerajaan lan
kasta liwat (numpang) agama Hindu lan Budha. Diterusake lumebune budaya
lan peradaban Timur Tengah liwat lumebune agama Islam kang ngenalake
sistim pemusatan kekuasaan (Imperium Turki lan Kekuasaan Ulama Mekah).
Sabanjure lumebune penjajahan Landa kang ndadekake warga pribumi kelas
telu, warga asing Asia (China, Arab, India, lsp.) kelas loro, dene wong
Landa (Eropa) kelas sijine.
Pribumi Jawa dening para penjajah asing dianggep kelas batur lan jongos.
Marang wong Landa (Eropa) kudu nyebut ‘ndârâ tuwan’, marang wong China
nyebut ‘yuk’ lan marang wong Arab nyebut ‘ayik’. Sebutan kabeh mau
nandhakake menawa wong Jawa drajate asor. Ora kepenake maneh, para wong
asing sing neneka neng Jawa padha nganggep wewatekane wong Jawa:
‘nyadhong-nggemblong-nyolong-nggarong’. Awake dhewe, wong Jawa, mesthine
suthik ora trima dianggep asor mengkono. Lha wong budayane ‘adiluhung’
kok dianggep duwe wewatekan: ‘nyadhong’ (mandho, ngemis, njaluk suap),
‘nggemblong’ (nglengket neng panguwasa lan sing duwe dhuwit ben entuk
cipratan rejeki), ‘nyolong’ (ngunthet, korupsi kelas cilik-cilikan),
‘nggarong’ (ngrampok bandhane negara, gawe proyek fiktif nggo ngentekne
anggaran, lsp.).
Nah, sok sintena kemawon menawa kepingin ngudi ‘ngelmu urip’ kang
‘bener-becik-pener’ kudu bisa ngilangi wewatekan
‘nyadhong-nggemblong-nyolong-nggarong’ luwih dhisik.


Artikel

0 komentar:
Posting Komentar