Wewarah nyata kahananing Pangeran, kang binasaake luwih samar, tanpa
rupa tanpa suwara, dudu lanang dudu wadon lan dudu wandu, tanpa prenah,
tanpa panggonan, dinulu ora katon, didumuk ora karuan.
Iku teteping kahanan ana ing ndalem cipta sasmitaning kang waskita,mula para guru anggone aweh pituduh, kaaumpamakake mengkene :
Sejatine ora ana apa-apa, sakehing wewujudan, rerupan, warna
lansesebutan, iku dudu sejati lan dudu panuksmane Pangeran, Dene kang
kadunungan panguwasanlan kamulyan ing sabarang kabeh, iku amung ingsun.
Yen durung bisa mengerteni wewejangan mau prayoga den tlateni marsudi
maksude surasa, ngimpun sakehing wejangan kabeh, miturut kawruh kang
sanyata kaya ingisor iki :
Sadurunge gumelar sakabehing kahanan ing marcapada lan maksapada (donya
lan akerat), iku kang disik mung urip kita, jumeneng ana sajroning wiji
kang pinggit, sak temene ya urip kita, kang tetep sinuksma ing pageran
kita, mula den bisa pada rumeksa ing urip kita pribadi, saran ngati-ati,
kang gemi nastiti kang dadi witing pangauripanaja nganti ora bisa
jumenegng uripe. Beda kara manungsa kang wis katerima sampurna kawruhe
tetep ing pangandel, ora bakal ketempela ing pangrecana, tegese, ora
susah ing kaluwen, kamlaratanlan nuju kataman ing lelara, ora wedi
tekane pati. Dene kasubut wong lumprah wae, kudu nglakoni pangupaya kang
ndadekake santosane uripe.
Dene urip kitaa tetelane menawa nyata rinasuk dening pangeran kita,
nyata saka solah bawa kita,iku sejatine terusane saka karsane pangeran
kita, mungguh panuksmane pangeran anggone rumasuk ing badan kita.
Uga ana prabedane mungguh wateke kawula lan Gusti.
Dena watake Gusti yaiku : tangi, tuwuk, ayem, parem, sareh iling, tetep, waspada, santosa, bunggah, waras lan raharja.
Dene watake kawula : arip, luwe, ngelak, sahwat,sering lali, bingng,
pangling, uwas, susah, lara lan bilahi, kabeh mau saka pakertine
pepesten kita pribadi.
Mungguh pratikele menawa arep mangesti utawa manekung, mengkene :
Wiwitane kudu ngurangi mangan, turu lan sahwat, apa dene ngurangi
sekabehing kekarepan, ing tengah wengi banjur sesuci raga, adus busana
lan geganda, ngedepake keblate dewe, yaiku ing jaja, yen wis tekan wayah
bagun esuk banjur pati raga, nutupi pancadriya, nyegah turas, sarip lan
sesuker, banjur nata mlebu metune napas, yaiku nareke napas saka puser
(napas mlebu) diterusakake munggah ngliwati cekak tekan ing
embun-embunan. Narike napas karo nyebut “HU” dibatin wae, sak wise napas
saka embun-embunan di enengake sedela, yen wis krasa abot, banjur di
wetokake sarana alon-alon tekan ing puser kabarengan nyebut “ALLAH” (ing
batin).
Supaya ditindakake saben dina lan wengi, disebut shalat daim / sholat
batin, tanpa rekaat tanpa wayah, paribasan shalat ngiras nyambut gawe,
lungguh karo mlaku , mlaku karo ndoprok, mlayu karo leren, mbisu karo
ngomong, lungo karo turu, turu karo melek, jalaran sholat dhaim iku
hakekating sholat, mula tampa rukuk, tampo sujud, amung dumunung ana
rahsa telenge urip.
Dene adege ya urip kita pribadi, rukuku pandeleng kita, sujude pangganda
kita, iktikate pamiarsa kita, wacane ayat pangrasa kita, lungguhe
tetepe iman kita, pujine mlebu metune napas kita, dhikire awas eling
kita, keblate marang eneng ening kita, ajo was sumelang maneh.
Mula
mengkono sebab jumeneng Dzat, Sifat, Asma, Afngal kita, iku wis dadi
qur’an sejati mertandani sejatine shalat kabeh diarani shalat daim.
Dena iptitahe sholat dhaim mengkene :
Niatingsun shalat daim, kanggo
salawase urip ingsun, adege ya urip ingsun, rukuke paningal ingsun,
iktidale pamiarsaningsun, sujude pangambuningsun, wewacane ayat
pangucapingsun, lungguhe tetepe imaningsun, tahyate mantepe
tauhidingsun, salame makrifat islamingsun, pepujine mlebu metune napas
ingsun, pujine awas elingingsun, keblate adheg eneng-eningingsun, perlu
nglakoni wajib saka kodrat-iradatingsun dewe, Mangkana mau pasrah
anelangsa sanubari marang dzating urip kita pribadi, wis aja sumelang.
Dene shalat daim iku, menawa disemak karo hakekating rukun islam utawa
karo katimbang pikukuhe iman, surasane nunggal misan bae lire mengkene :
Rukun islam ana 5 prakara yaitu :
1. Syahadat, mungguh hakekate ana laku temen dunungge ing wicara, angger nuhoni wicarane ya iku tetepe syahadat
2.
Pasa, hakekate ana laku nrima, dumunung ing pangganda, angger marem
katandukan ambu, kang menginake (ora ngambu-ambu sakebehe kaelekan) ya
iku tetep pasane.
3. Zakat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana pandulu, angerbisa mbutakake mripat, ya iku nentepi zakat.
4.
Shalat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana ing
pangrungu, angger bisa anulekake tanlingan, ya iku anglungguhi shalat.
5.
Haji, hakekate ana panalangsa lan nentepi janji, dumunung ana pangrasa
lan solah bawa, angger bisa nyirnakake pangrasa lan mati sarira, ya iku
ngakoni haji.
Kabeh mau paribasane : lesan mbisu, irung pepet, mripat wuta, kuping
tuli, badan mati, yaiku kang nama tetep kuasa nindakake rukun islam
sejati, sebab nyata kuasa mati sa jrone urip, urip sajrone pati, ya urip
salawase.
Pikukuhe Iman ana 6 prakara yaiku :
1. Percaya ing Allah, hahekate
ngestokna uripe jasad kita, sarta rumangsamenawa dadi sipating Allah
sejati, lire angger jasad kita tansah sinucenan, sarta sabarang tindak
tansah ngenggoni ing kautaman, mengkono mau nama ngandeling Allah.
2. Percaya ing Malaekat, hakekate ngestokake wahyane pandeleng,
pamicara, pangganda, pangrasa, pangecap, lire angger kita tansah
ngati-atianggon kita matrapake tanduking netya lan wirasa lsp, yaiku
hakekate tetep temen-temen ngandel ing malaekate Allah, sebab hakekate
malaekat iku dumunung anan sajroning pancadriya yaiku :
Malaekat Jibril AS, dumunung ana ing pangrasa.
Malaekat Mikail AS, dumunung ana ing pangganda.
Malaekat Isrofil AS, dumunung ana ing Pandulu.
Malaekat Ngijrail AS, dumunung ana ing Wicara.
3. Percaya ing utusan, hakekate ngetokna wahanane rahsa, lire angger
kuwasa ngendaleni pangrasa lan ngeningake pandeleng lereme cipta
mengkono iku tetep temen-temen ngandel utusane Allah.
4. Percaya ing kitab, hakekate ngestokake kahanane nyawa, lire awas
lakuning urip uga eling lan ngerti ing dosa kita, mengkono mau angger
tansah eling ing batin, yaiku tetep temen-temenpercaya kitabe Allah.
5. Percaya untung ala becik saka Allah, tegese tekane begja cilaka saka
Allah, hakekate ngestokakemenawa nafsu iku saka wedharing budi lan
pribadi, lire angger enggal pasrah nalangsa marang Dzat kita, ya iku
tetep temen-temen ngandel ing takdire Allah.
6. Percaya ing dina Akhir, tegese dina wekasan, hakekate ngestokake ing
pepestene pati saka wisesaning Dzat kita pribadi, lire angger karep
nindaknaing tekat kita kang santosa, iku tetep temen-temen ngandel ing
dina akhir saka wisesaning Allah.

dina akhir saka wisesaning Allah..